buatlah kalimat pembuka untuk pidato bahasa Jawa
B. Daerah
ida339
Pertanyaan
buatlah kalimat pembuka untuk pidato bahasa Jawa
2 Jawaban
-
1. Jawaban KimHaneul
Kalimat Pembuka
Para rawuh kakung putri wredha mudha minulya.
Samangke sampun tabuh …. WNIK.
Nitik sasmita ingkang sampun kula tampi, sedaya sampun rumanti sarta miranti.
Ingkang menika nyuwun idi saha pangestu panjenengan, pahargyan ing sonten menika badhe kawiwitan.
Minangka purwaka utawi pambuka, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken manungku puja brata, sumujud ing sahandhap pepadanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad. Anut pandam pandom agami saha gegebenganipun sowang-sowang.
Esthining manah, mugi pahargyan ing sonten menika saged katindakaken kanthi gancar, lancar, sepi ing sambekala.
Namung, mligi katur para rawuh ingkang ngrasuk agami Islam, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken maos basmallah sesarengan. -
2. Jawaban Madeahimsadewa
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.